Kambil Gadhing ing Kalangan Kejawen

Kambil Gadhing ing Kalangan Kejawen

Wit kambil/klapa gadhing (jeneng latine: nudfera var. ebunea) umume wite cendhek antarane loro tekan telung meteran. Diarani klapa gadhing amarga wohe pancen wernane kuning kaya gadhing. Wohe kang nggrembel katon nengsemake, mulane yen ing kutha tanduran iki okeh-okehe kanggo pasren.

Klapa gading uga dianggo ngleluri upacara adat temanten lan tingkeban (mitoni). Yen ana wong pinuju duwe gawe mantu, klapa gadhing asring dipajang ana ing sangarepe gapura sing arep diliwati temanten kakung. Woh kuwi mau digandolke bareng karo sambung tuwuh liyane kayata gedhang, pari, lan tebu kang ditaleni ana ing kiwa tengene plengkungan janur kuning pinangka gapurane.

Dene yen dianggo tingkeban utawa mitoni yaiku rikala si calon ibu uwis mbobot/ngandheg pitung sasi lan bakal nglairake ponang jabang bayi kang tembean / sepisanan. Sepasang cengkire gadhing kacawisake, siji digambari dewa Kamajaya (dewa sing bagus) lan sijine digambari Kamaratih (dewi kang ayu parase). Uga ana sing nggambari Arjuna lan sijine dewi Sembadra utawa dewi Srikandhi. Salah sijineng cengkir mau banjur dibacok dening si calon bapa. Menawa pas sigar tengah bayi kang bakal lair lanang/putra, menawa menceng ateges bayi kang bakal lair wadon/putri. Ya mangkono iku kapercayan babagan wit kambil gadhing ana ing kalangane masyarakat kejawen. Perkara kuwi mau amung ono tlatah kawruh budaya lan tradisi wae, dudu ajaran saweneh agama. Maturnuwun.

Next Post Previous Post
No Comment
Add a comment
comment url