Adhedhasar Babad Dêmak, Syekh Maulana Maghribi iku sawijiné wong Arab kang mumpuni èlmu agama Islam, asalé saka tanah Pasai. Critané, panjenengané isih tedhak turuné Kangjeng Nabi Muhammad SAW lan klêbu golongan wali ing tanah Jawa. Anggoné nganjawa mbarengi adêg-adêging Karaton Dêmak. Panjenengané mula kagungan ancas tujuwan ngislamaké wong Jawa.
Lagi males baca? Tenang, artikel ini tersedia dalam versi audio untuk menemanimu bersantai.🎧
Sabêdhaé Karaton Majapait, banjur ganti Karaton Dêmak kang disêngkuyung déning para wali. Sawisé tentrêm negarané, para wali andum gawé nyêbaraké agama Islam. Syekh Maulana kawitan ditugasi ana ing Blambangan. Ing kana, panjenengané dipundhut mantu déning sang adipati. Nanging, durung nganti taunan nuli ditundhung, sênajan sebabé ora kacarita. Saoncaté saka Blambangan banjur menyang Tuban, sowan panggonané kanca akrab sêsama saka Pasai, yaiku Sunan Bejagung lan Syekh Siti Jênar. Saka kono, Syekh Maulana banjur lêlana tabligh menyang Mancingan.
Nalika tabligh ana Mancingan, Syekh Maulana sejatiné wis pêputra kakung asma Jaka Tarub (utawa Kidang Têlangkas) saka garwa asma Rasa Wulan, yaiku rayiné Sunan Kalijaga (Raden Sahid). Wêktu ditinggal ramané lunga, Kidang Têlangkas isih bayi.
Kawuningana, nalika oncat saka Blambangan sejatiné Syekh Maulana uga ninggal garwa ingkang nuju mbobot putra kakung, kang banjur diparingi asma Jaka Samudra. Ing tembé, Jaka Samudra jumênêng waliyullah ana ing Giri, ajêjuluk Prabu Satmata utawa Sunan Giri. Nalika Syekh Maulana tekan Mancingan, ing kana wis ana sawijiné pêndhita Budha kang limpad, asmané Kyai Sêlaèning. Dalêmé ana sawétané Parangwêdang. Déné papan pamujané kyai iki karo murid-muridé ana ing candhi kang didêgaké ana sadhuwuré Gunung Sêntana.
Sakawit, Syekh Maulana èthok-èthok mêguru marang Kyai Sêlaèning. Ana ing bêbrayan umum, Syekh Maulana kadhangkala sok ngatonaké pangêram-êram. Suwé-suwé Kyai Sêlaèning midhangêt bab iki. Syekh Maulana banjur ditimbali lan dipundhuti priksa apa anané. Ing kono iku, Syekh Maulana ngyakinaké Kyai Sêlaèning bab èlmu agama kang sanyata. Wong loro iku banjur bêbantahan èlmu. Nanging Kyai Sêlaèning ora kêconggah nandhingi èlmuné Syekh Maulana, mula panjenengané genti mêguru lan ngrasuk agama Islam.
Wêktu iku ing padhêpokané Kyai Sêlaèning wis ana putra loro playon saka Majapait kang ngayom, asmané Radên Dhandhun lan Radên Dhandhêr, kang minangka putrané Prabu Brawijaya V. Barêng Kyai Sêlaèning mlêbu Islam, putra Majapait iku uga banjur ngrasuk agami Islam, asmané diganti dadi Syekh Béla-Bélu lan Kyai Gagang Aking. Syekh Maulana ora ènggal-ènggal jêngkar saka Mancingan, nanging sawatara taun angasrama ana kana, mulang agama marang warga désa.
Dalêmé ana ing padhêpokan sadhuwuré Gunung Sêntana, cêdhak karo candhi. Candhi iki mbaka sêthithik diilangi sipaté. Kyai Sêlaèning isih têtêp ana padhêpokan sawétané Parangwêdang nganti têkan ajalé. Wêlingé marang anak putuné, aja pisan-pisan kuburané dimulyakaké. Makamé iki lagi taun 1950-an dipugar karo sêdulur saka Daêngan. Banjur ing taun 1961 dipugar luwih apik manèh déning sawijiné pêngusaha saka kutha. Barêng wis dianggep cukup anggoné syiar agama, Syekh Maulana banjur jêngkar saka Mancingan lan mêling supaya tilas padhêpokané iku dirumat kanti becik kayadéné nalika wong-wong padha mbêcikaké candhi. Ing padhêpokan iku wong-wong banjur yasa kijing.
Syekh Maulana Maghribi utawa Syekh Maulana Malik Ibrahim sawisé saka Mancingan nêrusaké tindaké syiar agama ana ing Jawa Wétan. Barêng séda, jênazahé disarèkaké ana ing Makam Gapura, wilayah Grêsik. Syekh Maulana Maghribi punika cikal-bakal ratu-ratu trah Mataram.
Urutané silsilah: Bupati Tuban - Dêwi Rasa Wulan (nggarwa Syekh Maulana) - Jaka Tarub (nggarwa Dêwi Nawangwulan) - Nawangsih (nggarwa Radên Bondhan Kêjawan) - Kyai Agêng Gêtas Pêndhawa - Kyai Agêng Sêla - Kyai Agêng Anis/Hênis - Kyai Agêng Pêmanahan (Kyai Agêng Mataram) - Kangjêng Panêmbahan Sênapati - Kangjêng Susuhunan Séda Krapyak - Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma - Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat (Séda Têgalarum) - Kangjêng Susuhunan Paku Buwana I - Kangjêng Susuhunan Mangkurat Jawi - ratu-ratu Karaton Surakarta, Yogyakarta, Pakualaman, lan Mangkunêgaran.
