Nostalgia Dolanan Tradisional

Benten jaman benten kahanan, inggih punika ingkang lumampah ing alaming gesang wonten ing masyarakat sa'menika. Kadosta dolanan tradisional ingkang sampun awis-awis sanget kita sumerepi malih. Lare-lare inggih sampun mboten tepang kaliyan sa'werninipun dolanan tradisional ingkang prasaja lan langkung tepang dolanan-dolanan (import) ingkang langkung melek teknologi. Tur inggih sampun boten wonten malih simbah-simbah ingkang sadeyan dolanan tradisional mlampah turut lurung wonten ing kampung-kampung. Mbok bilih ka-anggep sampun mboten njamani lan seged ugi sadeyan kados menika kapethung mboten nguntungaken malih lan boten saged kagem nyekapi kabetahaning gesang ingkan tansaya awis. Eman sanget. Kamongko, dolanan awujud menapa kemawon, senajan amung persaja, tetep saged damel remenipun lare-lare alit, sanesipun dolanan ingkang modern.

Begjanipun, ing kutha Ngayogyakarta sampun wonten museum dolanan tradisional ingkang mapan wonten ing Taman Budaya Yogyakarta, jalan Sriwedari no.1 utawi sa'leripun Taman Pintar. Tiketipun mirah kemawon, namung kalih ewu gangsalatus rupiah kagem orang tua lan dewasa, lan gratis kagem lare-lare sa'ngandhapipun umur gangsalwelas taun. Mboten wonten awonipun menawi panjenengan ngajak lare-lare tindak dhateng museum menika menawi ngepasi mangsa liburan sekolah. Sanesipun nambah seserepan kagem lare babagan kekaya'aning budaya awujud dolanan tradisional, ugi ngiras pantes kagem nostalgia tiyang sepuhipun. Museum menika dipun prakarsani dening seniman asal Belgia ingkang asmanipun Rudy Corens. Waah...malah tiyang manca ingkang gumregah ngleluri kabudayan kita, kok mboten kita piyambag utawi sak mboten-mbotenipun Pamarintah ingkang kawogan.

Next Post Previous Post
No Comment
Add a comment
comment url