Zaman berganti, cara manusia bertahan hidup pun ikut bertransformasi. Kalau kita menengok realitas hari ini, profesi manusia modern itu ragamnya luar biasa banyak dan terdengar sangat keren. Sebagian besar nama profesi tersebut sudah sangat familier di telinga kita, seperti dokter, pilot, guru, arsitek, pengusaha, hingga profesi anak muda masa kini seperti programmer, data analyst, content creator, sampai blogger.
Nanging, pernahkah kamu membayangkan bagaimana orang-orang zaman dahulu mengidentifikasi sebuah profesi? Di kala kehidupan masih serba sederhana dan belum tersentuh teknologi canggih, masyarakat Jawa kuno ternyata sudah memiliki sistem penamaan profesi yang sangat kaya dan spesifik. Dalam khasanah bahasa, ini biasa disebut dengan istilah arane penggawean.
Uniknya, orang-orang zaman dahulu mendapatkan gelar atau penamaan profesi tersebut bukan dari selembar ijazah formal di atas kertas. Mereka mendapatkannya karena sebuah konsistensi, ketekunan, dan kesetiaan dalam menjalankan satu bidang keahlian secara turun-temurun selama bertahun-tahun. Istilahnya, mereka benar-benar menjiwai apa yang dikerjakan.
Mempelajari kembali istilah-istilah ini adalah bagian dari Kawruh—sebuah ruang bagi kita untuk berkaca pada dedikasi orang-orang tua kita terdahulu. Menariknya, sebagian dari profesi lama ini biasanya diawali dengan sebutan Tukang, Juru, atau memiliki nama mandiri yang unik. Beberapa di antaranya mungkin masih sesekali bisa kita jumpai di pelosok desa saat ini, namun sebagian besar lainnya sudah hampir punah, langka, atau bahkan sudah hilang dimakan zaman karena tergeser oleh mesin modern.
Biar tidak lupa dengan akar sejarah budaya kita sendiri, mari kita simak bersama tabel sebagian nama-nama pekerjaan dalam bahasa Jawa yang ditekuni orang-orang zaman dahulu berikut ini:
| Arane Penggawean | Tegese (Artinya) |
|---|---|
| Algojo | Tukang nglaksanakaké putusan ukuman mati |
| Babu | Disebut uga batur, yaiku wong sing ngrewangi gawéyan ngomah (asistèn rumah tangga) |
| Bajak | Tukang bégal utawa ngrampok ana ing segara (bajak laut) |
| Bakul | Wong kang dodolan kanthi skala cilik-cilikan |
| Blandong | Tukang negor wit-wit gedhé kanggo dijupuk kayuné |
| Blantik | Wong kang penggaweané dadi perantara dol-tinuku kéwan ternak |
| Buruh | Wong kang ngréwangi gawéan kanthi ngalap utawa ngarep-arep upah |
| Carik | Sekretarisé lurah kang ngurusi bagéan administrasi désa |
| Dayang-dayang | Wong kang momong lan ngladèni para putri raja ing kraton |
| Dhalang | Wong kang nglakokaké wayang lan nyeritakké kisah-kisah ing pewayangan |
| Emban | Wong kang momong bocah cilik (baby sitter) |
| Empu | Wong kang pinunjul babagan gawé pusaka (keris, tumbak, lsp) utawa wong kang ahli ing babagan sastra lan budaya |
| Gamel | Tukang ngopèni jaran ing gedhogan (kandang jaran) |
| Gandhèk | Wong kang dadi utusané ratu utawa raja |
| Gemblak | Pengrajin barang-barang saka logam kuningan |
| Germa | Tukang mbebedag kéwan ing alas (pemburu hewan) |
| Jagal | Tukang mbelèh rajakaya (héwan ternak kaya ta: sapi, kebo, wedhus, lsp) |
| Jlagra | Tukang natah lan gawé barang-barang seka watu |
| Juragan | Bakul gedhé utawa wong sing usahane wis gedhé (pengusaha besar) |
| Juru Basa | Wong kang pinter negesi utawa nerjemahké basa manca (penerjemah) |
| Juru Dang | Tukang adang utawa ngliwet sega kanthi jumlah sing akèh migunakaké dandang gedhé, biasané kanggo pèsta utawa èwuh mantu |
| Juru Kunci | Wong kang jaga lan ngrumat pasarèan (kuburan kramat) |
| Juru Mudhi | Wong kang penggaweané nglakokaké kapal ing segara (nahkoda) |
| Juru Silem | Wong kang pinter lan gaweané nyilem ing njeron segara (penyelam) |
| Juru Sungging | Tukang gawé gambar hiasan utawa tukang nglukis |
| Juru Tambang | Tukang nyebrangké wong ing kali nganggo gèthèk sing ditarik nganggo tali tambang |
| Kemasan | Tukang gawé perhiasan saka emas, inten, lan berlian |
| Kundhi | Wong kang gawé perkakas saka gerabah utawa lemah lempung (tanah liat) |
| Kusir | Wong kang nglakokaké krèta jaran, andong, utawa dokar |
| Madhaharan | Wong kang nyawisaké uba rampé lan masakan kanggo dhahar para priyayi utawa ratu (pramusaji) |
| Makelar | Wong kang dadi lantaran (perantara) transaksi dol tinuku |
| Molang | Bakul khusus sing kulakan rajakaya (héwan ternak gedhé) |
| Mranggi | Tukang gawé utawa ndandani wadhah keris (warangka) |
| Niyaga | Tukang nabuh gamelan ing pagelaran seni Jawa |
| Pacalang | Prajurit sing tugasé ngetutaké lan nginjen lakuné mungsuh (mata-mata/intel) |
| Pandhé | Tukang gawé perkakas tani utawa gaman seka wesi |
| Panegar | Tukang nglatih jaran supaya manut lan pinter |
| Pangobèng | Buruh wadon sing penggaweané mbathik kain |
| Panjak | Tukang ngladèni utawa dadi asistèn gaweané pandhé wesi |
| Pekathik | Tukang nuntun lan ngrumat jarané ratu utawa para priyayi |
| Prombèngan | Tukang dol-tinuku klambi, barang, lan perkakas bekas |
| Sarawedi | Tukang nggosok, natah, lan ngasah inten, berlian, utawa batu mulia |
| Sayang | Tukang gawé perkakas rumah tangga saka loyang utawa tembaga |
| Sekater | Wong sing adol jasa dikongkon nggadèkné barang ing pegadéan |
| Srati | Tukang ngopèni utawa pawangé gajah |
| Undhagi | Tukang kayu kang duwé keahlian gawé wangunan utawa perkakas seka kayu |

Posting Komentar