Profesi manusia modern ada banyak ragamnya. Sebagian nama-nama profesi tersebut sudah tidak asing lagi kita dengar seperti misalnya; dokter, pilot, guru, pengusaha, programmer, blogger dan masih banyak lagi lainnya.
Berbeda dengan profesi orang-orang jaman dahulu yang kehidupannya masih serba sederhana. Orang-orang jaman dahulu pun telah menamai profesi-profesi tersebut sesuai keahliannya. Oang-orang jaman dulu mendapatkan gelar atau penamaan profesinya karena konsisten dan tekun menjalankan pekerjaannya bertahun-tahun.
Berikut ini tabel sebagian nama-nama pekerjaan dalam bahasa Jawa yang ditekuni orang-orang jaman dahulu yang biasa kita sebut dengan istilahTukang. Sebagian profesi tersebut masih bisa kita jumpai di jaman sekarang, namun sebagian lagi sudah hampir punah dimakan jaman.
| Tukang | Pekerjaan |
|---|---|
| Algojo | Tukang nglaksanakaké putusan ukuman mati |
| Babu | Disebut uga Batur yaiku wong sing ngrewangi gawéyan ngomah, yèn saiki istilahé asistèn rumah tangga |
| Bajak | Tukang bégal/ngrampok ana ing segara (bajak laut) |
| Bakul | Wong kang dodolan skala cilik-cilikan |
| Blandong | Tukang negor wit-wit gedhé kanggo dijupuk kayuné |
| Blantik | Wong kang penggaweané dadi perantara dol-tinuku kéwan. |
| Buruh | Wong kang ngréwangi gawéan kanthi ngalap /ngarep-arep upah |
| Carik | Sekretarisé lurah kang ngurusi bagéan administrasi |
| Dayang-dayang | Wong kang momong lan ngladèni para putri raja |
| Dhalang | Wong kang nglakokaké wayang lan nyeritakké kisah-kisah ing pewayangan |
| Emban | Wong kang momong bocah (baby sitter) |
| Empu | Wong kang pinunjul babagan gawé pusaka (keris, tumbak, lsp) utawa bisa uga, kanggo sebutan wong kang pinunjul ing babagan sastra lan budaya |
| Gamel | Tukang ngopèni jaran ing gedhogan (kandang jaran) |
| Gandhèk | Wong kang dadi utusané ratu |
| Gemblak | Pengrajin barang-barang saka logam kuningan |
| Germa | Tukang mbebedag kéwan ing alas (pemburu hewan) |
| Jagal | Tukang mbelèh rajakaya (hewan ternak: sapi, kebo, kambing, lsp) |
| Jlagra | Tukang natah lan gawé barang-barang seka watu |
| Juragan | Bakul gedhé utawa wong sing usahane wis gedhé (pengusaha besar) |
| Juru Basa | Wong kang pinter negesi/nerjemahké basa manca |
| Juru Dang | Tukang adang utawa ngliwet sega kanthi jumlah sing akèh lan migunakaké dandang sing gedhé. Biasané kanggo pèsta utawa èwuh mantu. |
| Juru Kunci | Wong kang jaga lan ngrumat pasarèan (kuburan) |
| Juru Mudhi | Wong kang penggaweané nglakokaké kapal (nahkoda) |
| Juru Silem | Wong kang pinter lan gaweané nyilem ning segara (penyelam) |
| Juru Sungging | Tukang gawé gambar utawa tukang nglukis |
| Juru Tambang | Tukang nyebrangké wong kang liwat kali nganggo gèthèk ditarik nganggo tali tambang. |
| Kemasan | Tukang gawé perhiasan saka emas, inten lan berlian |
| Kundhi | Wong kang gawé perkakas saka gerabah utawa lemah lempung (tanah liat) |
| Kusir | Wong kang nglakokaké (sopir) krèta jaran, andong utawa dokar |
| Madhaharan | Wong kang nyawisaké uba rampé lan masakan kanggo dhahar (pramusaji) |
| Makelar | Wong kang dadi lantaran (perantara) dol tinuku |
| Molang | Bakul khusus rajakaya (héwan ternak) |
| Mranggi | Tukang gawé wadhah keris |
| Niyaga | Tukang nabuh gamelan |
| Pacalang | Prajurit sing tugasé ngetutaké lakuné mungsuh |
| Pandhé | Tukang gawé perkakas seka wesi |
| Panegar | Tukang nglatih jaran |
| Pangobèng | Buruh mbathik |
| Panjak | Tukang ngladèni (asistèn) gaweané pandhé wesi |
| Pekathik | Tukang nuntun jarané ratu utawa para priyayi |
| Prombèngan | Tukang dol-tinuku klambi lan perkakas bekas |
| Sarawedi | Tukang nggosok inten, berlian lan batu mulia |
| Sayang | Tukang gawé perkakas saka loyang utawa tembaga |
| Sekater | Adol jasa dikongkon nggadèkné barang ing pegadéan |
| Srati | Tukang ngopèni/pawangé gajah |
| Undhagi | Tukang gawé perkakas seka kayu |



Posting Komentar
Silakan Meninggalkan Komentar