Saben dina kita nyebut tembung "Indonesia" minangka identitas tanah air kita. Nanging, ngerti ora Panjenengan, saka ngendi mula bukané tembung utawa jeneng Indonesia iku? Sejarahé jebulé dawané dudu sakbaèné, kebak lekuk-lekuk pulitik, lan rupa-rupa sebutan sadurungé dadi patèn kaya saiki.
Yèn kita nginguk sejarah sakdurungé abad ka-17, jebulé akèh banget julukan kanggo bumi pertiwi iki. Sing paling umum lan kondhang yaiku Nusantara. Saka tembung nusa sing tegesé pulo, lan antara sing tegesé sejé utawa seberang. Tembung iki kuna banget, digunakaké déning Kraton Majapahit abad ka-14 jroning naskah-naskah Jawa Kuno kanggo nyebut wilayah telukané sing jembar, nyakup saka bawana Asia nganti tekan Australia.
Ngancik abad ka-17, nalika bangsa Éropa mulai mbebedag rempah-rempah ing kéné, pulo-pulo sing sugih iki biasa disebut Ost Indische utawa Hindia Wétan. Ora mung iku, para pelancong asing uga asring nyebut wilayah iki kanthi sebutan Kepuloan Hindia (Indian Archipelago), Samodra Wétan (The Eastern Seas), nganti istilah Insulinde sing tegesé pulo-pulo Hindia.
Lairé Tembung Indonesia ing Taun 1850
Lha, terus kapan tembung "Indonesia" mulai lair? Sejarah nyathet ing taun 1850, ana sawijining pelancong lan pengamat sosial asal Inggris sing jenengé George Samuel Windsor Earl. Dhèwèké nggagas tembung Indunesians (sing banjur diowahi dadi Indonesia) kanggo makili kelompok ras manungsa utawa etnografis (Polinésia) sing manggon ing kepuloan Hindia.
Mitrané Earl sing jenengé James R. Logan, sawijining etnolog kondhang, nduwèni panemu liya. Miturut Logan, tembung Indonesia iku luwih apik lan luwih pas yèn dilebokaké dadi istilah geografis amarga dadi cekakan saka Kepuloan Hindia. Lan kanggo nyebut wong utawa penduduk sing manggon ing njeroné, Logan ngusulké istilah Indonesian.
Nalika Walanda Wangkot Milih Jeneng Hindia-Belanda
Mlebu ing taun 1919, alternatif jeneng Hindia-Belanda naté diangkat lan dadi udreg-udregan sing panas. Dewan rakyat utawa Volksraad nganakaké diskusi babagan papat pilihan jeneng sing diusulké, yaiku: Indonesie, Insulinde, Hindia Belanda, lan Oost-Indie.
Jroning pemungutan swara tanggal 26 April 1919, jeneng Insulinde sejatine menang kanthi 16 swara. Nanging, sawetara dina bacute, keputusan mau malah dimasalahaké déning pamaréntah kolonial. Minangka gantiné, jeneng Hindia dipilih tanpa ana udreg-udregan manèh, kanthi alasan yèn jeneng "Hindia" pancèn wis dikenal apik lan kondhang ing donya internasional.
Ing wulan Oktober 1920, Komisi Negara kepéngin ngowahi konstitusi Hindia Belanda. Sawisé disetujoni pamaréntah kolonial, pasal 1 nyebutaké: ”Kerajaan Belanda meliputi Belanda, Hindia Belanda, Suriname, dan Curacao….” Pasal iku didiskusèkaké jroning sidang Volksraad ing Batavia tanggal 26-29 April 1921.
Sadurungé sidang iku, ing awal taun 1921, ana sawijining guru sing jenengé Dirk van Hinloopen Labberton. Dhèwèké rumangsa trenyuh lan nabet ing ati ndelok gerakan sarta partai-partai politik kang muncul ing tanah Jawa. Labberton banjur nyiapaké amandemen lan ngusulké jeneng Indonesia bareng kancané, Ch. Crammer lan Th. Vrede, saéngga usulan iku dikenal minangka amandemen Labberton-Cramer-Vreede.
Apesé, amandemen iki ditolak mentah-mentah lan ora dadi dibahas jroning sidang Volksraad wulan April 1921. Malah, sawetara wong ing Volksraad ngremehaké usulan mau kanthi ngomong, "Luwih pantes jeneng Indonesia iku dienggo mènèhi jeneng salah sijining merk cerutu!" Pamaréntah Walanda mratélakaké yèn sebutan Hindia-Belanda sacara esensial wis duwé teges sing kuwat jroning hukum internasional.
Parlemen ing Walanda (Second Chamber) uga sempat nganakaké diskusi tanggal 1 November 1921. Oleh inspirasi saka amandemen Labberton, wakil saka kaum komunis sing jenengé W. van Ravestern, njelasaké lan nggawa manèh sebutan Indonesia ing forum. Nanging nasibé sami mawon, amandemené panggah ditolak!
Dadi Simbol lan Identitas Politik Kaum Pergerakan
Sanajan diyakiti lan diremehaké déning pamaréntah kolonial, para mudha cerdik cendekia utawa mahasiswa sing nemput studi ing negara Walanda ora gampang gela. Ing taun 1925, padha mutusaké ngganti jeneng pakumpulané sing mauné Indische Vereeniging (Perhimpunan Hindia)—sing madeg wiwit taun 1908—dadi Perhimpunan Indonesia (PI).
Ing kéné, tembung Indonesia digunakaké jumbuh karo sawijining gegayuhan lan dadi simbol identitas politik nagara anyar sing péngin mardika. Nalika Konggrès Demokratis Internasional kang manggon ing Bierville, cedhak Paris, sasi Agustus 1925, kanggo sing sepisanan jeneng Indonesia dikenalké ing panggung donya.
Drs. Mohammad Hatta sing makili Perhimpunan Indonesia, jroning pidatoné sing mrebawani mratélakaké kanthi teges babagan perjuangan rakyat Indonesia kanggo nggayuh kamardikan nasional. Amarga digunakaké minangka alat pergerakan politik sing nggegirisi, pamaréntah Walanda banjur nglarang keras panggunaan tembung Indonesia ing wilayah Hindia Belanda. Nanging, sejarah wis mbuktèkaké, saking kuwaté roso nunggal rasa, ora ana siji-sijia kekuwatan kolonial sing bisa mbendung jumedhulé jeneng Indonesia!

Posting Komentar