Menang Perang Amarga Boneka

Menang Perang Amarga Boneka

Carita menang perang amarga boneka iku cerita upayane sawenehing raja ning eropa kanggo ngadepi mungsuhe yaiku bangsa Romawi. Decebalus (87-106M), raja seka Dacia (Rumania) kang ibukotane Sarmizegetusa wis sawetara suwe paring parentah marang prajurit lan rakyate supaya gawe boneka-boneka kang dedeg piadege pada karo manungsa lan dienggoni klambi prajurit Dacia.

Nalika jendral Romawi kang aran Julian dalah sak wadyabalane kang akeh banget ngepung Sarmizegetusa, Raja Decebalus enggal-enggal mrentahake supaya boneka-boneka mau diselehake ing sakupenge beteng lan diobahake atusan uwong kanthi primpen aja nganthi kawistaran mungsuh.

Boneka-boneka sing akeh banget cacahe lan bisa obah-polah kayadene manungsa, kanyata gawe mirising Jendral Julian sak wadyabalane. Dikira boneka-boneka mau tenanan para tentara Dacia kang wus siaga. Wusanane Jendral Julian teluk amarga cilik atine lan luntur semangate. Lan bangsa Romawi kepeksa mbayar upeti tahunan nganti 10 tahun suwene amarga kalah perang kang ngisin-isini kasebut.

Ananging suwening suwe Kerajaan Romawi mangkel lan bali nganakake serangan maneh tahun 105 lan tahun 106 Dacia bisa ditelukake. Raja Decebalus ora sudi nungkul lan pilih lampus diri / nganyut tuwuh.

Benteng Sarmizegetusa
Baca Nanti :

Inspirasi Lainnya :

Komentar

Silakan Meninggalkan Komentar

Lebih baru Lebih lama
Rekomendasi Buku:
*klik produk untuk keterangan selengkapnya.
Musuh Terbesarmu Adalah Dirimu Sendiri
Rp59.999
Jadilah Baik Walaupun Dunia Selalu Menyakitimu
Rp45.500