Kang ndak karepaké judul ing ndhuwur kuwi ya panjenengané Bung Karno. Bung Karno piyambak sejané ora ngaku yèn iku ramalan utawa nujum. Nanging ramalan apa nujum, Bung Karno ngetung lan nganalisa, mungguh tan kena ora, sawijining dina Indonesia bakal uwal saka cengkeraman imperialis Walanda.
Bung Karno ngendika ngono iku dhèk taun 1929. Manut rincian analisané Bung Karno, bakal kedadéyan perang gedhé sing diarani Perang Pasifik. Ing Samodra Pasifik utawa Lautan Teduh antarané benua Asia lan benua Amérika—samodra sing paling jembar ing donya—ing kana bakal kedadéyan perang gedhé antarané imperialis mungsuh imperialis. Yèn perang iku bener kelakon, ngendikané Bung Karno dhèk taun 1929 kuwi, ing wektu kuwi Indonesia bakal mardika.
Marga analisa landhep kuwi, Bung Karno ditangkep polisi Walanda, banjur di-landraad déning Mr. Siegenbeek van Heukelom, lan kapatrapan ukuman kunjara patang taun suwéné. Manut penggalihané Bung Karno, étungan bab bakal pecahé Perang Pasifik iku kalebu étungan sing obyektif.
Kahanan iku kelakon amarga para imperialis padha jor-joran, bersaing, lan tansah rebutan sing diarani innerlijk conflicten—yaiku konflik internal ing sakjeroné organ imperialisme iku dhéwé. Imperialisme lan kapitalisme tan kena ora bakal pecah dhéwé amarga anané konflik antarané imperialis mungsuh imperialis, sarta kapitalis mungsuh kapitalis. Iku sing bakal nuwuhaké pangerangan gedhé.
Mulané ora maido yèn Bung Karno uga nganggep mungguh "kapitalisme is peperangan", lan "imperialisme is peperangan" minangka wohe sistem kasebut. Nalika dibuwang menyang Ende, Flores, Bung Karno nemu étungan anyar manèh. Sawisé ngetung, ngetung, lan nganalisa kanthi titi, panjenengané yakin mengko ing taun 1945 Indonesia mesthi mardika. Ing tanah buwangan iku, Bung Karno dadi "peramal" kapindho.
Malah ing Ende, Bung Karno nyipta crita tonil utawa sandiwara, judhulé “Indonesia 1945” sing dadi peran utamané paraga Ibrahim. Crita tonil yasané Bung Karno liyané kang naté dipanggungaké antarané yaiku “Doktor Setan”, “Kutkutbi”, “Aero Dinamika”, “Rahasia Kilimutu”, “Rainbow”, “Doktor Djulianbodi”, lan “Sjanghai Rumba”. Crita-crita mau sayangé ora digawé buku lan ora karuwan ing ngendi naskah lakoné saiki. Bung Karno piyambak mung naté ngendika, upama crita-crita mau diterbitaké dadi buku, panjenengané bisa dadi milionér.
Luwih jero, kepriyé Bung Karno bisa ngetung persis yèn taun 1945 Indonesia bakal mardika? Manèh-manèh Bung Karno ngarani iku minangka étungan obyektif pulitik. Soalé, hawa ing kéné wis panas, imperialisme kéné panas, imperialisme kono panas, kana-kéné padha panasé. Panjenengané ngetung mengko kira-kira taun patang puluh sijian, bakal ana tabrakan kakuwatan loro ing sajroné paprangan gedhé.
Paprangan iku bakal kelakon pirang-pirang taun, lan akibat saka paprangan iku bakal ana faksi imperialisme siji sing dadi tanpa daya. Imperialisme iku mujudaké kakuwatan internasional sing dayan-dinayan, wujudé kaya rante dawa sing reroncené ali-ali akèh cacahé. Imperialisme Walanda ora madeg dhéwé, Inggris ora madeg dhéwé, Amérika ora madeg dhéwé, lan Prancis uga ora madeg dhéwé.
Nalika Perang Donya I, kapitalisme sejatiné mèh ambruk babar pisan. Sabab saka ambruké kapitalisme iku, wusanané déning Hitler dianakaké gerakan anyar sing jenengé National Socialismus utawa Fascisme. Fascisme Hitler iku dadi mungsuhé demokrasi parlementer. Jroning basa manca, fascisme diarani “Laatste reddingspoging van het kapitalisme”, tegesé: saweneh budidaya kanggo ngangkat, nguripaké, lan nylametaké manèh kapitalisme sing mèh runtuh.
Akibat sing padha uga bakal kelakon yèn kedadéyan perang gedhé, yaiku Perang Donya II ing Samodra Pasifik. Ora kena ora, imperialisme mesthi bakal dadi tanpa daya kaya sawisé Perang Donya I. Ing antarané ali-ali imperialisme jroning rante dawa iku, sing paling ringkih lan tanpa daya yaiku imperialisme Walanda. Sabab Walanda iku negara cilik, kurang kuwat industriné, lan ora duwé basis grondstoffen utawa bahan-bahan dasar produksi.
Mulané tan kena ora, yèn rante internasional iku pedhot, ali-ali Walanda bakal langsung coplok. Ing taun 1945, sawisé perang lumaku patang taun lawasé, ali-ali iku dadi paling tanpa daya. Imperialisme Walanda wis megap-megap, exhausted, lan kentekan daya babar pisan.
Ing wektu kuwi, nalika étungan obyektif nuduhaké imperialisme Walanda paling ringkih, kakuwatan subyektif kita—yaiku rakyat sing kepéngin mardika—kudu tumindak lumawan kanggo ngancur leburaké penjajah. Mulané nalika taun 1935 ing Ende, Bung Karno wis bisa ngendika yèn ing taun 1945 Indonesia bakal mardika babar pisan. Cetha, étungané Bung Karno iku étungan obyektif ilmiah, dudu ramalan klenik utawa nujum!
Ramalan Pujangga lan Pangajab Ratu Adil
Sadurungé Bung Karno kagungan étungan sing mèmper kaya ramalan kasebut, sejatiné wong Jawa wis suwé percaya bakal tekané Ratu Adil. Iki minangka wujud kakuwatan subyektif, yaiku pepénginan sing kuwat kanggo mardika lan mentas saka urip sing sangsara lan dijajah.
Ratu Adil sing diarep-arep tekané iku tinemu jroning kitab naskah kuno Jangka Jayabaya. Déning para kaum pergerakan nasional, ramalan kasebut digunakaké minangka sarana kanggo mènèhi semangat lan nggugah rasané rakyat supaya wani lumawan penjajah. Ora nggumunaké yèn tokoh kaya Pangeran Diponegoro uga banget diwedèni déning penjajah Walanda amarga dianggep minangka jumedhulé kakuwatan Ratu Adil iki.

Posting Komentar