Danang, remaja yang masih mengenakan seragam putih abu-abunya, duduk mematung di salah satu bangku di warung kopi Bu Benu. Matanya menerawang kosong. Hatinya galau. Sesekali ia melirik map berisi ijazah yang baru saja diambil dari sekolah, sembari menarik dan mengembuskan napas pasrah.
Di meja tengah, ada Kang Parman yang baru selesai narik becak, Bobon yang sedang asyik baca buku yang cukup tebal, dan Mbah Joyo yang sedang menikmati kopi tubruk dalam cangkir bliriknya. Obrolan dimulai dari keprihatinan mereka melihat Danang yang biasanya ceria, hari ini mendadak jadi pendiam.
Sore ini suasana warkop seakan beku. Kehidupan enggan memutar rodanya, menanti reda jagad alit dalam diri seorang remaja yang lagi bergolak. Bu Benu mengantarkan kopi pesanan Kang Parman, sambil menoleh ke arah Danang.
Bu Benu: "Nang... ijazah wis digenggem kok malah merengut, koyo kuli ora sido bayaran. Kuwi lho kopimu selak adem. Éman-éman nèk mung dinengké waé."
Danang: (Menarik napas panjang) "Bingung aku, Bu. Kepinginé neruské kuliah, tapi nèk ndelok nominal UKT-né waé bapakku langsung watuk-watuk ra mari-mari. Arep golèk gawéyan, wingi nèng pabrik ringroad lor kono, syaraté kudu nduwé pengalaman rong tahun. Lha aku kan nembé lulus, gèk pengalaman seko ngendi?"
Bu Benu: "Oalah jan, mesakké tenan. Yo pantesan waé kowé bingung, Nang. Tapi yo bener seko pihak kampus, saiki opo-opo larang, ragad kuliah mestiné yo menyesuaikan kebutuhané. Pabrik-pabrik saiki yo bebas pilah-pilih calon karyawané, milih sing pinter, sing wis nduwèni pengalaman..."
Kang Parman senyum-senyum kecil mendengar omongan Bu Benu. Setelah satu-dua hisapan rokok kreteknya, ia menyela.
Kang Parman: "Kowé ki lagi mènèhi motivasi opo malah arep mbebingung bocah to, Yuuu?"
Bu Benu: "Loh, nèk pancèn kenyataané ngono kuwi, njur kudu muni piyé, Kang?" sergah Bu Benu balik bertanya.
Bobon melepas kacamata minusnya, meletakkan di meja, kemudian tangannya meraih gelas berisi es Good Day yang tinggal separuh. Mahasiswa asal luar Jawa ini sudah mengambil posisi untuk terlibat dalam obrolan.
Bobon: (Serius menatap Danang) "Secara makroekonomi, Indonesia itu sedang menghadapi demographic dividend atau bonus demografi. Tapi sayangnya, terjadi mismatch antara kurikulum pendidikan kita dengan kebutuhan pasar industri. Kalau modal kuliah tidak ada, kamu harusnya masuk ke sektor UMKM. Mulai wiraswasta, manfaatkan digitalisasi!"
Kang Parman: (Ngguyu cekakan, nyruput kopi) "Halah Booon...Bon! Lambemu nèk ngomongké teori ki jian koyo menteri, tapi dompetmu déwé yo garing toh? Wiraswasta jarému? Danang kon dodolan opo? Wong arep kulakan es tèh jumbo waé kudu nduwé modal gelas cup, es, sedotan, karo séwo nggon. Duit modal seko ngendi? (babi) ngèpèt?!"
Bobon: "Kan bisa pinjam KUR di bank, Bos! Atau nyari angel investor."
Kang Parman: "Bank kotan opo? Hehehe... saiki nèk ra nduwé jaminan yo angèl tenan. Nèk mung modal dengkul, sing ono malah dengkulmu mengko sing disita nggo jaminan!"
(Bu Benu ikut nimbrung sambil membawa piring berisi gorengan hangat)
Bu Benu: "Iyo nding, saiki opo-opo kudu nganggo modal duit. Kudu ono ongkosé. Tapi jaré wong-wong nduwuran sing nèng TV kaé, kuliah ki tersier, dadi ra wajib. Sing penting dadi wong apik, Nang."
Kang Parman: "Halah, tersiar-tersier! Kaé pejabat-pejabat sing ra tau ngrasakké paité dadi wong cilik. Kéné ki kuthane dijuluki Kota Pelajar, saben tahun mahasiswa anyar teko seko Sabang tekan Merauke. Lha kok bocah-bocahé déwé malah mung koyo dadi penonton nèng pinggir lapangan, mergo ra kuat mbayar sekolah? Yo sakjané mesakké, bocah koyo Danang kuwi."
Mbah Joyo yang dari tadi anteng belum ikut bicara, asyik melinting tembakau dalam kertas tapirnya. Ia mulai mengutarakan pandangannya. Suasana warkop mendadak hening, menunggu sang sesepuh ngudar pangandikan.
"Ngelmu urip kuwi statusé 'wajib', ora koyo kuliah sing jaré menteri kuwi 'tersier'. Angger kowé gelem ngasoraké awak, ora wedi kesel, Gusti Allah ora bakal ngenengké kawulané..."
— Mbah Joyo
Mbah Joyo: "Garis urip kuwi, Nang... ora mung ditentokké seko lembaran ijazahmu kuwi. Kuliah kuwi apik kanggo golèk ngelmu, tapi nèk kahanané wong tuwamu seret, ojo dipekso ndak dadi penyakit."
Danang: "Terus kulo kedah pripun, Mbah? Mosok nggih mung nganggur?"
Rokok tingwe sudah menempel di sela bibir keriput lelaki tua itu. Ting! Suara tutup Zippo antik terbuka. Sepercik api mulai membakar ujung rokok tingwe Mbah Joyo. Satu hisapan dalam berganti hembusan asap panjang.
Mbah Joyo: "Sopo sing ngekon nganggur, Lé? Saiki ijazahmu disimpen disik. Kowé isèh enom, nduwé awak seger, nduwé tangan karo sikil utuh. Melu Kang Parman sek, dudu kon narik becak, sopo ngerti bakul-bakul pasar kaé ono sing mbutuhaké tenaga serabutan. Utawa ngrewangi resik-resik Bu Benu nèng kéné, sinau piyé carané bebakulan. Ngelmu urip kuwi statusé 'wajib', ora koyo kuliah sing jaré menteri kuwi 'tersier'. Angger kowé gelem ngasoraké awak, ora wedi kesel, Gusti Allah ora bakal ngenengké kawulané sing gelem kangèlan mbangun masa depané."
Kang Parman: "Nah, bener kuwi, Nang. Sesuk esuk melu aku nèng Beringharjo. Ono kenalanku, bakul tas-tas gawéyan Bandung, mbutuhaké uwong sing iso mbiyantu masarké dagangané ning TikTok. Déwéké juragan tas, tapi rada gaptek. Mengko diwènèhi komisi seko dagangan sing payu. Sing penting halal, nggo golèk modal awakmu."
Danang: (Matanya mulai berbinar) "Nggih, Mbah. Maturnuwun, Lik Parman."
Sore itu, di warung kopi ujung gang kampung, beban di pundak Danang sedikit terangkat. Bukan karena biaya kuliah mendadak gratis atau dapat panggilan kerja di BUMN atas jasa ordal, tapi karena di warung kopi ini, realita yang pahit setidaknya bisa ditelan bersama kehangatan segelas kopi dan nasehat dari orang-orang pinggiran yang justru memanusiakan manusia.


Posting Komentar