Tips Prasaja Kanggo Ngrawat Tanduran Anggrèk Rembulan

Tips sederhana merawat tanaman hias anggrek bulan agar subur dan sehat tanpa banyak membuang waktu.
tips sederhana merawat anggrek bulan


Anggrèk rembulan iku tanaman sing populèr banget ing jagad taneman hias. Iki jenis anggrèk èpifit kanthi daun hijau gedhé lan bunga sing indah lan mencolok, asring kanthi warna putih, kuning, utawa abang. Anggrèk rembulan butuh lingkungan sing rada umes (lembab) lan èyub kanggo bisa thukul kanthi apik. Anggrèk rembulan kereb-kerebé ditemokaké ing hutan tropis Amerika Tengah lan Selatan lan mesti waé hutan tropis kawasan Asia.

Anggrèk rembulan duwé jeneng latin yaiku Phalaénopsis amabilis. Kalebu ing keluarga Familia orchidacéaé utawa keluwarga anggrèk lan genus Phalaénopsis utawa luwih dikenal masyarakat kanthi sebutan anggrèk rembulan.

Taneman koleksi anggrèk rembulanku kang wernané pink keunguan kaya fotoné kang kacetha ing ndhuwur kuwi (uga videoné kang ndak upload ning artikel iki) minangka koleksi anggrèk rembulan kang wis kaping pimdho ngembang.

Perawatan tanduran kang ndak lakoni saben dinané ya amung prasaja waé, yaiku:

1. Media Tanam: seka cuil-cuilan utawa cacahan kayu tegoran kang diwadahi pot ukuran sedengan. Arep migunakaké areng utawa akar pakis uga isa.
2. Penempatané taneman ning panggonan kang ora langsung kena teriké sinar srengéngé. Rerata tak papanaké aneng rak seka baja ringan lan nganggo kanopi plastik.
3. Penyiraman mung sepisan wektu soré nèk sumunaré srengéngé wis ora patiya panas (udakara jam setengah lima tekan mèh ngarepé maghrib). Anggonku nyirami rada akèh yoiku kabèh godhong lan bungané disemprot nganggo sprayer sing semprotané lembut. Media tanam lan poté teles kebes digebyur/disentor gembor seka plastik sing regané amung murahan waé. Yèn ngepasi sedina udan deres ya ora ndak sirami. Kena cipratané banyu udan uwis cukup.
4. Pemupukan ora patiya kereb. Amung 3-4 minggu sepisan kanthi takeran pupuk sing minimalis. Amerga yen kakèhan pupuk uga kurang becik kanggoné taneman.
5. Yèn wis bubar ngembang, biasané batang bunga pada dipangkas. Yèn aku ora, batang bunga tak olèsi nganggo salep khusus (akèh didol ing toko pertanian utawa taneman hias). Sewektu-wektu batang bunga kuwi mau bisa thukul kembang menèh, sakliyané muncul batang bunga sing anyar.

Saben penghobi taneman anggrèk nduweni 'resèp lan racikan rahasia' anggoné nggula-wentah tanduran anggrèk klangenané. Apa maneh para pengusaha pembudidaya anggrèk mesti pada nduweni 'trik' dhéwé dhéwé kanggo ngrembakakaké taneman anggrèk kagungané.
LihatTutupKomentar