Sepiro Jerone Sumur Zamzam lan Kena Ngapa Bisa Nganti Ora Tau Asat?
Sumber banyu Zamzam minangka sumber banyu sing penting banget kanggo umat Islam ing saindenging jagad. Dumunung ing kutha Mekah, Arab Saudi iki nduweni sejarah sing dawa lan dihormati minangka salah sawijining sumber banyu paling suci ing donya. Zamzam ditemokake dening ibune Nabi Ismail, Siti Hajar, nalika dheweké nggoleki banyu kanggo putrané sing nangis amarga ngelak. Siti Hajar mloya-mlayu ing antarane gunung Safa lan Marwah nalika nggoleki banyu, nanging ora bisa nemokaké sumber banyu.
Pungkasané banyu Zamzam katon ing ngisor sikilé putrane, yaiku jabang bayi Ismail, sawisé piyambaké ndedonga dumateng Allah. Jeneng sumur zam-zam kasebut asale saka tembung zome zome, sing tegese "mandheg mili" utawa kumpul...kumpul... Iku parentahe Siti Hajar sing diulang-ulang (dibolan-baleni) nalika nyoba nahan milining banyu kang metu saka lemah.
Banyu kang mili kuwi mau dikumpulake lan diombekake marang putrané Nabi Ismail kang isih wujud jabang bayi. Wiwit kuwi, banyu zamzam dadi sumber banyu utama kanggo warga Mekah lan digunakake kanggo macem-macem kabutuhan. Kalebu kebutuhan banyu kanggo pengunjung ing Masjidil Haram. Nganti seprené wis udakara 4000 taun sumur Zamzam digunakake penduduk Mekah lan sakupengé kanggo nyukupi maneka warna kabutuhané banyu. Jarak sumur Zamzam karo Ka'bah mung selikur (21) meter.
Wis nganti ewonan taun sumur Zamzam isih terus digunakake, banjur sepira jeroné sumur Zamzam lan kenangapa bisa ora tau sat? Minurut data saka instansi khusus pamarentah Arab yaiku لقناة الرسمية لرئاسة شؤون الحرمين (liqanaat alrasmiat liriasat shuuwn alharamayn utawa saluran resmi kepresidenan urusan dua masjid suci), jerone sumur Zamzam udakara 31 meter (sumber liya ngandakake nganti 35 meter tekan dasaring sumur nyandak watu-watu (bebatuan).
Miturut Profesor Abbas Sharaqi, ahli Geologi lan Sumber Daya Air ana ing African Research Institute, banyu ing sumur zamzam ora tau garing amarga kasambung karo banyu lemah sing bisa dianyari (terbarukan). Kebukten ora ana penipisan ing geologi tegese banyu kasebut kalebu banyu sing bisa dianyari. Banyu lemah (air tanah) bisa terbarukan kaya ing sumur Zamzam.
Banyu zamzam uga dikenal nduweni manfaat akeh kanggo kesehatan, kayata nguatake sistem kekebalan awak (imunitas), mbantu pencernaan, lan ngilangi keluhan weteng. Sumur mata air Zamzam iki dihormati lan dijaga banget dening pamrentah Arab Saudi, kanthi manajemen sing ketat lan sistem distribusi sing canggih. Banyu zamzam uga kasedhiya ing macem-macem paket lan gampang digoleki ing saindenging jagad. Saperangan hadits Nabi Muhammad SAW uga nguwataké kautaman banyu Zamzam, kayata ngunjuk ing dina-dina tartentu ndadekaké uwong luwih sehat lan éntuk ganjaran.
Nanging, sanajan penting, banyu Zamzam asring didebat lan dadi masalah kontroversial. Sawetara pihak nyalahake banyu iki dadi najis lan ora layak kanggo konsumsi utawa dituduh wis tercemar. Ananging pamarentah Arab Saudi wis bola-bali mbantah tuduhan kasebut lan nandheske kualitas banyu Zamzam sing isih kajaga kanthi apik banget. Sakabèhé sumber banyu Zamzam nduweni peran penting ing kapercayan lan tradhisi Muslim, lan terus dadi sumber banyu sing paling dihormati lan dilindhungi ing saindenging jagad.