Manuk Larwo Apa Isih Ana?
Apa iku manuk Larwo? Mungkin isih akèh sing durung ngerti apa kuwi Larwo. Yaiku sebangsané manuk murai batu sing biasa ditemokaké ana ing wewengkon alas ing pulo Jawa. Murai Batu Jawa iki mèmper karo murai batu sing ana ing pulo Sumatera utawa pulo Kalimantan. Ananging menawa ditamatké luwih permana pancèn ana bédané sithik. Yaiku Murai Batu Jawa rada njambul lan jambul kuwi saya ceto menawa manuk lagi ngocèh. Kang isa kanggo mbédaké menèh yo kuwi wulu ireng sing ning ngisor cucuk. Larwo wulu ireng ngisor cucuk nganti mèh tekan weteng. Di jenengké Larwo jarené simbah seko tembung 'yèn melar-dawa'. embuh sing melar apane...sing dawa apane, ya ora pathi cetha . Bisa uga amarga yèn lagi ngocèh, buntuté katon dawa lan njentar-njentar.
Ning wewengkon pulo Jawa déwé alasé saya ciut. Akèh sing wis malih dadi lahan pertanian, pategalan, lan pemukiman. Ndadèkaké kéwan-kéwan èndemik pulo Jawa saya suwé saya kadesek lan malah ana sing wis entèk/musna, kalebu si manuk Larwo kuwi mau.
Rerata penggemar ocèhan ugo wegah ngingu Larwo kacampur karo ngingu manuk ocèhan liyané. Amarga ana sing percaya anané rumor menawa Larwo iku wis gelem ngocèh lan ndadi, manuk liyané pada wedi muni. Pancèn mentalé si Larwo kuwi menawa wis gelem ngoceh, ora gelem kalah karo swara manuk ocèhan liyané. Dadiné ya nèk ana manuk ocèhan liyané sing ora nduwèni mèntal, bakal kalah lan bakal macet ora gelem ngocèh manèh.
Béda karo kahanané Larwo ning alam sing wis arang-arang banget isa ditemokaké. Tujuné isih ana wong-wong penggemar ocehan kang isih gelem ngingu lan mbudidayakaké manuk Larwo. Arepa budidayané lagi skala cilik-cilikan, ananging kuwi uwis langkah maju mujudaké kepedulian marang kelestariané manuk Larwo. Supaya anak putu mbesok isih bisa nyawang wujudé manuk murai batu asli saka pulo Jawa. Ana uga sing kersa budidaya Larwo skala luwih rada gedé menèh, kaya kang kacetha ana ing vidéo kang diunggah déning channel Candra Si Bolang ing ngisor iki.
