Kawruh Basa Jawa Babagan Arané Anak Kéwan
Kawruh babagan arané anak kéwan miturut istilah basa Jawa.
Kawruh basa jawa babagan arane anak kewan. Ing khasanah basa jawa, anak kewan kuwi nduweni sebutan utawa aran dewe-dewe sing beda karo indukane. Menawa ing basa Indonesia nyebut anake sapi ya mung anak sapi utawa malah ana sing nyebut sapi kecil. Yen ing basa jawa anak sapi nduwe aran dewe yaiku pedhet.
Amarga kewan kuwi jenise okeh banget, ning ngisor iki kasusun arane anak kewan sing ana sakitar lingkungan awake dewe saben dinane. Utawa kewan-kewan sing kerep keprungu ananging durung ngerti arane anak kewan kuwi mau.
ANAKÉ | IKU ARANÉ |
---|---|
Ampal | Embug |
Angkrang/Ngangkrang | Kroto |
Asu | Kirik |
Babi | Gembluk |
Bandeng | Nener |
Bantheng | Wareng |
Banyak | Blengur |
Baya | Krete |
Bebek | Meri |
Bulus | Ketul |
Cacing | Lur |
Cecak | Sawiyah |
Celeng | Genjik |
Coro | Mendhet |
Dara | Piyik |
Emprit | Indhil |
Gagak | Engkak |
Gajah | Bledug |
Gangsir | Clondho |
Garangan | Rase |
Garengpung | Drungkuk |
Gemak | Drigul |
Glathik | Cecrekan |
Iwak | Beyong |
Jangkrik | Gendholo |
Jaran | Belo |
Kadal | Tobil |
Kalajengking | Ketupa |
Kancil | Kenthi |
Kebo | Gudel |
Kecapung | Jenthit |
Kemangga | Ceriwi |
Kepik | Mreki |
Kidang | Kompreng |
Kimar | Kedah |
Kinjeng | Senggutru |
Kintel | Kenthus |
Kethek | Kenyung |
Kodhok | Precil |
Kombang | Engkuk |
Kremi | Racek |
Kucing | Cemeng |
Keyong | Krikik |
Kupu-Kupu | Uler |
Kuthuk | Kotesan |
Kwangwung | Gendhot |
Laler | Set/Singgat |
Lawa | Kampret |
Lele | Jabrisan |
Lemut | Uget-uget |
Lintah | Pacet |
Linsang | Beles |
Luwing | Gonggo |
Macan | Gogor |
Manuk | Piyik |
Menjangan | Kompreng |
Menthok | Minthi |
Merak | Uncung |
Sapi | Pedhet |
Singa | Dibal |
Tambra | Bokol |
Tawon | Gana |
Tekek | Celolo |
Tikus | Cindhil |
Tongkol | Cengkik |
Tumo | Kor |
Ula | Kisi/Ucet |
Urang | Grago |
Wadher | Sriwet |
Wagal | Jendhil |
Walang | Dhogol |
Warak | Plencing |
Wedhus | Cempe |
Welut | Udhet |
Yuyu | Beyes |