Jenengé Godhong Tanduran lan Wit-Witan ing Tembung Basa Jawa

Jenengé godhong tanduran lan wit-witan ana ing basa Jawa.
Jenengé Godhong Tanduran lan Wit-Witan ing Tembung Basa Jawa

Manawa ing bahasa Indonesia, jeneng godhong karo wité iki biasané jenengé pada. Contoné, pohon Pisang nama daunnya ya daun Pisang. Pohon Kelapa nama daunnya ya daun Kelapa. Tanaman Cocor Bebek, nama daunnya ya daun Cocor Bebek, dan lain sebagainya.

Béda karo tembung-tembung ing basa jawa, jenengé godhong ora mesti pada karo jenengé tandurané/wité. Embuh apa sebabé simbah-simbah mbiyèn mènèhi jeneng dhéwé kanggo godhong-godhongan. Apa merga sebagéan godhong-godhongan kuwi kerep kanggo campuran empon-empon jamu utawa kanggo masak janganan, mula diwènèhi aran sing béda karo arané wité.

Luwih unik maneh, sak godhong bisa nduwèni jeneng loro apa telu miturut kondisiné. Misalé godhong wit kambil kang enom diarani janur, yèn wis tuwa lan garing diarani blarak. Embuh saking pinteré simbah-simbah mbiyèn anggoné nata basa lan gawé istilah. Sing jelas anak puthu rada mumet olèhé ngapalké. Apa manèh yèn durung tau weruh kaya apa uwité.

Jenengé godhong wit-witan miturut basa Jawa, yèn kulina weruh godhongé lan kulina nyebutaké, suwé-suwé rak ya apal dhéwé. Ing ngisor iki arané/jenengé godhong seka tanduran utawa wit-witan sing isih gampang ditemokaké:

Arané Tanduran Jenengé Godhong
Arèn Dliring
Asem Sinom
Awar-awar Dongèng
Cekuk Sriwedari
Cocor Bèbèk Tiba Urip
Dadap Tawa
Gebang Kajang
Gedang isih enom Pupus
Gedang sing tuwa Ujangan
Gedang wis garing Klaras
Jagung Ketebon
Jambé Dedel, Pracat
Jarak Bledhèg
Jati Jompong
Jipang Bethethet
Kacang Brol Rèndèng
Kacang Lanjaran Lembayung
Katès Gampleng
Kecipir Cethèthèt
Kèlor Limaran, Sewu
Kemlandéyan Kumuda
Kelapa Enom Janur
Kelapa Tuwa Blarak
Kimpul/Tales Lumbu
Kluwih Kléyang
Lempuyang Lirih
Lombok Sabrang
Mlinjo So
Pari Damèn
Pring Elarmanyura
Pring Garing Krosak
Randu Baladéwa, Smarakandhi
Siwalan Lontar
Tebu Momol
Tebu wis garing Rapak
Téla Pohong Jlegor
Turi Pethuk
Waluh Lomah-Lamèh
Widara Putih Trawas
Wuni Mojar

Isih digolèki arené godhong-godhong liyané, dadi ana sambungé

LihatTutupKomentar
Cancel