Duwe Tanduran Iki, Isa Dikira Ngingu Pesugihan ๐Ÿ˜‚

Tanduran kembang Menur sing nduweni ganda kang arum banget nganti dikira ana peri ning sacedhake kono.

Jeneng tandurane yaiku kembang Menur. Bentuke meh kaya kembang mawar cilik-cilik sak dompol. Kembange wangi banget ambune. Apa maneh yen wayah wengi, ganda wangine kembang ngganduk banget. Yen bengi ana wong liwat ijen sacedhake kembang kuwi, isa keplayu amarga ngira ana peri,utawa demit ning sacedhake kono ๐Ÿ‘ป. Apa meneh yen uwong kuwi mau dasare jirih. Luwih parah maneh yen dikira ngingu pesugihan.

Wis rada sauntara sasen aku ngrumat tanduran kembang Menur. Suwe banget ora ngembang-ngembang, nganti wite wis metu anakane. Anakane wit Menur biasane pancen tuwuh ning jejere tanaman induk (ora nempel ning indukane anangin ana let/jarak). Tanduran Menurku iki sajane rada ora sehat, isa dipriksani saka godhonge sing pinggirane rada nglunthung. Lan pertumbuhan kembange uga ora maksimal amarga kerep dadi sarang semut. Dak kira apa mungkin kembange ki rada legi apa piye, koq kerep banget dadi sarang semut abang.

Ciri fisik tanduran Menur iki dhuwure mung udakara 70cm nganti sakmeter. Godhonge amba-amba lan yen wis ngembang, kembange kaya mawar putih cilik-cilik sing ndompol dadi siji. Paling khas cirine yaiku ambune kembang wangi banget, apa meneh ing wayah wengi ambune luwih wangi ketimbang wayah awan.

Panggulawentahe tandura sejatine ora angel lan rewel. Sing penting kena sinar matahari kang akeh amerga kembang Menur iki kalebu tanaman perdu utawa semak-semak. Yen nduwe pupuk ya isa dipupuk sesasi sepisan kanti pupuk sithik wae. Ora dipupuk uga taneman tumbuh subur, sing penting ana panasan lan aja lali disiram saben dina, kejaba yen bar kena udan ora perlu disiram. Kembang awet pirang-pirang ndina. Yen wis arep alum, apike dipotong supayane tukul tunas-tunas kembang sing anyar kang luwih akeh. Ana ing video ngisor iki, taneman kembang Menur tak tandur ing ngepot lan wis tukul anakane. Menawa diceblokake ana lemah, anakane isa tukul luwih akeh pating jlentrek.

Coba panjenengan bayangke yen duwe tanduran Menur kang rada akeh wilangane, kabeh ngembang ngganda arum ing plataran. Wong sing ora ngerti lan liwat ngarep omah (wayah wengi maneh) mangira yen panjenengan 'ngingu' pesugihan. Amarga wis jamak lumrahe yen ana ganda arum, apa maneh wayah wengi, masyarakat umume ngubungake karo hal-hal mistis. Kembang Menur iki salah sawijining taneman hias sing wis kuna lan eman banget wis ora akeh maneh sing nandur. Kalah pamor karo jenis-jenis tanaman hias kekinian sing racake seka import.

LihatTutupKomentar
Cancel