Arané Tukang, Penggawéan utawa Profèsi ing Basa Jawa

Nama-nama profesi orang-orang jaman dulu dalam bahasa jawa.
©monstreijo-2006



Penggawean utawa profèsine manungsa iku akèh jenise. Apa manèh ing jaman modern saiki, werna-werna pakaryane menungsa. Beda karo wong-wong jaman mbiyèn, jaman nalika semana durung akèh jenis-jenise pakaryan amarga umume wong-wong dadi petani.

Menawa saiki ana profèsi dokter, pilot, dosèn, kapster, apotèker, marketing lan isih akèh liyane. Jaman mbiyèn durung akèh pakaryan kaya jaman saiki. Ing ngisor iki jeneng pakaryan utawa arane penggawean. Sabagean panggawean iku isih ana sing nekuni, ananging sabagean manèh penggawean/pakaryan iku wis mèh punah utawa pancèn wis ora ana manèh.

Ana manèh sing jenenge penggawean isih ana, ananging wis gèsèh maknane. Contone Germa, yaiku arane tukang mbebedhak kewan ing alas (pemburu), yèn jaman saiki Germo (nganggo o) wis nduwèni konotasi negatif.

Daftar iki amung sabagean jeneng pakaryan utawa penggawean uwong-uwong jaman mbiyèn:

ARANÉ PENGGAWÉANÉ
Algojo Tukang nglaksanakaké putusan ukuman mati
Babu Disebut uga Batur yaiku wong sing ngrewangi gawéyan ngomah

yèn saiki istilahé asistèn rumah tangga
Bajak Tukang bégal/ngrampok ana ing segara (bajak laut)
Bakul Wong kang dodolan skala cilik-cilikan
Blandong Tukang negor wit-wit gedhé kanggo dijupuk kayuné
Blantik Wong kang penggaweané dadi perantara dol-tinuku kéwan.
Buruh Wong kang ngréwangi gawéan kanthi ngalap /ngarep-arep upah
Carik Sekretarisé lurah kang ngurusi bagéan administrasi
Dayang-dayang Wong kang momong lan ngladèni para putri raja
Dhalang Wong kang nglakokaké wayang lan nyeritakké kisah-kisah ing pewayangan
Emban Wong kang momong bocah (baby sitter)
Empu Wong kang pinunjul babagan gawé pusaka (keris, tumbak, lsp) utawa bisa uga

kanggo sebutan wong kang pinunjul ing babagan sastra lan budaya
Gamel Tukang ngopèni jaran ing gedhogan (kandang jaran)
Gandhèk Wong kang dadi utusané ratu
Gemblak Pengrajin barang-barang saka logam kuningan
Germa Tukang mbebedag kéwan ing alas (pemburu hewan)
Jagal Tukang mbelèh rajakaya (hewan ternak: sapi, kebo, kambing, lsp)
Jlagra Tukang natah lan gawé barang-barang seka watu
Juragan Bakul gedhé utawa wong sing usahane wis gedhé (pengusaha besar)
Juru Basa Wong kang pinter negesi/nerjemahké basa manca
Juru Dang Tukang adang utawa ngliwet sega kanthi jumlah sing akèh lan migunakaké

dandang sing gedhé. Biasané kanggo pèsta utawa èwuh mantu.
Juru Kunci Wong kang jaga lan ngrumat pasarèan (kuburan)
Juru Mudhi Wong kang penggaweané nglakokaké kapal (nahkoda)
Juru Silem Wong kang pinter lan gaweané nyilem ning segara (penyelam)
Juru Sungging Tukang gawé gambar utawa tukang nglukis
Juru Tambang Tukang nyebrangké wong kang liwat kali

nganggo gèthèk ditarik nganggo tali tambang.
Kemasan Tukang gawé perhiasan saka emas, inten lan berlian
Kundhi Wong kang gawé perkakas saka gerabah utawa lemah lempung (tanah liat)
Kusir Wong kang nglakokaké (sopir) krèta jaran, andong utawa dokar
Madhaharan Wong kang nyawisaké uba rampé lan masakan kanggo dhahar (pramusaji)
Makelar Wong kang dadi lantaran (perantara) dol tinuku
Molang Bakul khusus rajakaya (héwan ternak)
Mranggi Tukang gawé wadhah keris
Niyaga Tukang nabuh gamelan
Pacalang Prajurit sing tugasé ngetutaké lakuné mungsuh
Pandhé Tukang gawé perkakas seka wesi
Panegar Tukang nglatih jaran
Pangobèng Buruh mbathik
Panjak Tukang ngladèni (asistèn) gaweané pandhé wesi
Pekathik Tukang nuntun jarané ratu utawa para priyayi
Prombèngan Tukang dol-tinuku klambi lan perkakas bekas
Sarawedi Tukang nggosok inten, berlian lan batu mulia
Sayang Tukang gawé perkakas saka loyang utawa tembaga
Sekater Adol jasa dikongkon nggadèkné barang ing pegadéan
Srati Tukang ngopèni/pawangé gajah
Undhagi Tukang gawé perkakas seka kayu


Menawa wis nemokake istilah meneh, postingan iki bakal dilengkapi maneh

LihatTutupKomentar