Sakliyane Indonesia kang migunakake basa Jawa utamane ing kalanganing suku Jawa, pranyata basa jawa uga dipigunakake ana ing manca negara. Mesti wae dudu basa kang resmi lan anane uga ana sambung-rapete karo wong-wong Jawa.
1. Suriname
Biyen disebut Guyana Belanda kanthi ibukotane Paramaribo, yaiku sawijining negara jajahan Walanda ing Amerika sisih kidul. Ing antarane taun 1890-1939 akeh wong jawa kang dikirim ing Suriname lan didadekake budak ing saweneh perkebunan. Masihya saiki wong-wong keturunan jawa iku wis generasi kaping pat utawa kaping limane, ananging isih akeh kang bisa migunakake basa jawa, utamane basa jawa ngoko amerga mbiyen basa krama kang alus ing tanah Jawa dhewe amung digunakake ana ing kalanganing kraton utawa keluarga-keluarga ningrat lan kalangan terpelajar.
2. Kaledonia Baru
Sawijing negara kang ana ing Samudra Pasifik iring kidul lan uga disebut kepulauan Kanaki. Kanaki iku penduduk asli pulo-pulo kuwi. Kepulauan iki jajahane Prancis, mula uga disebut Nouvelle-Calédonie sing ibukotane jenenge Noumea. Ana ing kene akeh wong jawa kang dadi kuli kontrak kanggo makarya ing perkebunan-pekebunane Perancis. Pengiriman wong jawa kang didadekake kuli kontrak kuwi mandeg ing taun 1949. Anangin wis ora kaya mbiyen sepisanan wong-wong jawa dikirim ana Kaledonia Baru kang tetep migunakake basa Jawa kanggo basa saben-dinane, anak puthu sing saiki racake wis ora bisa omong basa jawa lan migunakake basa Perancis.
3. Singapura
Sawenehing wong jawa kang umume seka Jawa Tengah dikirim menyang Singapura wiwit taun 1825, kang dikaryake ana ing perkebunan karet, konstruksi rel sepur lan jalan raya. Kuli-kuli kuwi mau di kumpulake ana ing panggonan kang dijenengake Kampong Jawa ing sapinggiring kali Rochor. Uga ana kang pemukimane ing daerah Kallang (saiki Kallang Airport Estate).
Dipun waos ugi: Wong Jawa Ilang Jawane
4. Malaysia
Ing antarane taun 1900-an akeh wong jawa kang pindah ing Malaysia utamane amarga faktor ekonomi. Masyarakat jawa ing Malaysia sing ana saiki uwis generasi sing ketelu utawa ping pate. Masihya isih migunakake sabageyan adat lan tatacara jawa, ananging manut undang-undang Malaysia wis dianggep melayu pribumi. Wong-wong jawa sing ana kana akeh kang manggon ana ing Negeri Selangor utamane ing kawasan Tanjung Karang, Sabak Bernam, Kuala selangor, Kelang, Banting lan Sepang. Sing manggon ing Johor uga ana ananging generasi mudane wis pada lali marang tradesi leluhure, sabageyan maneh isin ngakoni yen keturunane wong jawa.
5. Belanda
Akeh wong jawa kang dikirim ana ing negara Landa lan dimakaryake ana ing omah-omah utawa pekerja domestik lan biyen disebut 'jongos'. Ananging saiki kahanane uwis bedha, anak-puthune wis ora makarya dadi pembantu rumah tangga maneh ning wis maju lan dadhi warga negara kang pada derajate kaya penduduk liyane.
0 comments