Wong Kang Sepisanan Mati Ing Kursi Listrik

William Kemmler kang lair 9 Mei 1860 ing kutha Philadelphia, Pennsylvania, Amerika yaiku sawijining pawongan kang paling sepisanan nglakoni ukuman mati karana kursi listrik.

Nalika umur 28 taun, Kemmler kang buta huruf lan dhuwe penyakit tekanan darah tinggi, ing sawijining dina lagi sapatemon karo pacare Matilda "Tillie" Ziegler. Embuh sebab apa tekanan darah tinggine kumat lan dadi murang-muring karo pacare kaya wong kesurupan, wusana Kemmler njupuk kampak lan dibacokake pacare mau nganti pacare nemoni tiwas. Kemmler ditahan karo kang wajib lan dipatrapi pidana pati dening hakim. Wektu semono aturan kang lumaku kanggo eksekusi ukuman mati karana digantung. Ananging pengadilan mutusake liya, senajan Kemmler diukum mati ananging ora karana digantung. William Kemmler kang mesthine sawise nglakonipaukuman mati wis bakal ora kocap kaya pembunuh-pembunuh liyane, ndadak ora mangkono nasibe. Dheweke kudu nglakoni paukuman mati karana kursi listrik sing sepisanan ndadekake dheweke kondhang lan kacatet dening sejarah.

Paleksanane Ukuman Mati

Ing sawijining esuk jam 6 tanggal 6 Agustus 1890, ing pakunjaran Auburn, New York uwis kacawisake persiapan kanggo pelaksaan ukuman matine Kemmler karana kursi listrik. Ing ruwangan eksekusi kuwi mau wis sumadya dadi seksi sawatara pejabat hukum, para wartawan lan 15 dokter uga wis siaga ana papan kono. William Kemmler kanti dikawal pimpinan eksekusi kang jenenge Charles F. Durston, katon mlaku tenang nalikane mlebu ruang eksekusi lan katon Kemmler nganggo penganggon kan becik lan necis.

Sadurunge titi mangsa paleksanan dianakake adicara cekak kang dipimpin Durston sarana ngenalake jenenge William Kemmler. Kanthi tenang Kemmler ngadheg lan aweh kurmat marang kang padha nyekseni. Sabanjure Durston njaluk ijin amrih panganggone Kemmler dibukak lan terus kalungguhake ana ing nduwur kursi listrik kang wis cemawis. Wakil Sherif kang aran Yoe Velling kajibah naleni Kemmler ing kursi listrik karana sabuk kulit. Katon menawa Velling rada gugup lan gumeter saengga Kemmler kandha marang dheweke;" Sing tenang wae Yoe, luwih becik sing kenceng anggonmu naleni".

Sawise rampung ditaleni nganggo sabuk kulit, sabanjure Kemmler dianggoni topeng. Davis si ahli listrik uga uwis siap nyekeli sakelar. Bareng kabeh wis siaga, Durston aweh isyarat marang Davis kanthi tembung perpisahan marang Kemmler;" Good bye William". "Good bye", jawabe Kemmler tenang. Davis enggal narik tuas sakelar kanggo mbukak arus listrik 1300 Volt lan sanalika awake Kemmler njingkat terus kaku. Asep kemebul saka elektroda2 kang mbakar sabuk lulang mau. Dokter loro kang kajibah ngawasi jam katon gumeter, lagi mlaku 17 detik salah sijine wis kandha;" Cukup!, dheweke wis mati...patenana sakelare". Awake Kemmler kanton njengkerung lan gosong ana ing kursi listrik lan padha dirubung para dokter. Ananging dumadakan dhadhane Kemmler mlembung. Kemmler isih urip ndadekake para dokter lan seksi2 padha bingung. Banjur keprungu parentah supaya sakelar diuripake maneh. Kanthi gugup Davis narik munggah-medhun sakelar saenggo njalari aliran listrik dadi ora ajeg lan keprungu gumerite swara handel sakelar kasebut.

Sawise 70 detik, aliran listrik dipateni maneh. Meruhi paleksanan ukuman mati karana kursi listrik kang nganti ambal kaping pindho iku, sawijining wartawan saka United Press (George G. Bain) nganti tiba semaput lan liyane pada muntah-muntah lan mlayu ora wani nonton jasade Kemmler. Asil permeriksaan tim dokter nyatakake menawa awake Kemmler kebakar nganti garing, utege gosong lan atos kaya watu, otot-otote kaku lan saperangan gegere kobong nganti mlonyoh.

Dina candhake prastawa mau dadi berita gedhe ning koran-koran kang ngabarake manawa paukuman marang William karana kursi listrik ngalami kegagalan saengga Kemmler dadi kaya disiksa. Tuwuh protes ing ngendi-endi kang njaluk supaya ukuman mati karana kursi listrik disuwak utawa dibatalake. Saking akehe sing padha protes nganti layang khabar Buffalo Express ngramalake yen Kemmler dadi wong kang sepisanan lan pungkasan kang nglakoni ukum pati ning nduwur kursi listrik. Ananging ramalan mau mleset, sajrone 50 tahun sawise William mati, luwih saka 1.000 uwong kang uga nututi mati ing kursi listrik.

Bejane Ernt Chapelu

Sabenere mono wong kang kudune nglakoni ukuman mati ing kursi listrik dudu William Kemmpler, ananging Ernt Chapelu saka kutha New York kang kondhang sawijining pembunuh kang kejem tanpa kenal perikamanungsan. Ananging nalika Gubernur David B. Hill nandatangani undang-undang paukuman gantung disuwak lan digenti kursi listrik tahun 1889, nganti tekan titi wanci pelaksanaan eksekusi kanggo Chapelu, alat kursi listrik kuwi mau durung rampung digawe lan njalari ukuman tumrap Ernt Chapelu diowahi dadi ukuman selawase urip.

Anane Persaingan

Alat kanggo ngleksanani paukuman mati kang jenenge kursi listrik iki lair amarga anane persaingan (kongkiren) ing antarane penemu listrik Thomas Alva Edison karo pesainge George Westinghous. Nalikane sajerone sidang Kemmler dibela saka para pambela kang dipandegani Burkeco Chran saka New York tanpa nampa bayaran saka Kemmler kang mung petani miskin. Para pambela ngandhakake menawa anggone mbelani Kemmler mung kesurung rasa ora mentala dhene menungsa kudu mati dibakar ing kursi listrik. Ananging sanyatane para pambela mau jebul dibayar dening Westinghous kanthi bayaran 100.000 dollar!.

Next Post Previous Post
No Comment
Add a comment
comment url