Mula Bukane Jeneng Indonesia

Mula Bukane Jeneng Indonesia

Saka ngendi mula baukane tembung utawa jeneng Indonesia iku?. Sa'durunge Abad 17
Akeh julukan kanggo Indonesia lan sing paling umum yaiku Nusantara (nusa=pulo, antara=seje/seberang). Tembung iku dianggo Majapahit kanggo sebutan wilayah telukane, sing nyakup saka bawana Asia nganti Australia. Sebutan mau tinulis jroning naskah-naskah Jawa Kuno ing abad 14.

Ngancik abad ka 17, pulo-pulo sing ngasilake rempah iki biasa disebut Ost Indische ( Hindia Wetan ). Ana uga sebutan Kepuloan Hindia ( Indian Arciphelago), Samodra Wetan ( The Eastern Seas), lan Insulinde ( pulo-pulo Hindia ).

Taun 1850

George Samuel Windsor Earl, sawijining pelancong lan pengamat sosial saka Inggris , nggagas tembung Indonesia kanggo makili kelompok ras manungsa (polinesia) sing manggon kepuloan Hindia (etnografis). Mitrane James R. Logan, sawijining etnolog, nduweni panemu tembung Indonesia luwih apik dilebokake ing istilah geografis amarga cekakan saka Kepuloan Hindia, lan kanggo nyebut sing manggon/penduduke, Logan usul Indonesian.

Walanda Milih Jeneng Hindia-Belanda

Alternatif jeneng Hindia-Belanda nate diangkat ing taun 1919. Volksraad diskusi bab papat jeneng sing diusulake yaiku : Indonesie, Insulinde, Hindia Belanda, lan Oost-Indie. Jroning pemungutan swara tanggal 26 April 1919, jeneng Insulinde menang kanthi 16 swara. Nanging sawetara dina bacute, keputusan mau dimasalahake, minangka gantine Hindia dipilih tanpa ana udreg-udregan kanthi alasan yen jeneng mau pancen wis dikenal apik . Ing wulan Oktober 1920, Komisi Negara kepengin ngowahi konstitusi Hindia Belanda. Sawise disetujoni pamarentah, pasal 1 nyebutake;” Kerajaan Belanda meliputi Belanda, Hindia Belanda, Suriname, dan Curacao….”Pasal iku didiskusekake jroning Volksraad ing Batavia tanggal 26 -29 April 1921.

Sadurunge iku, ing awal taun 1921, Dirk van Hinloopen Labberton, sawijining guru rumangsa trenyuh karo gerakan lan partai-partai kang muncul ing Jawa, nyiapake amandemen lan ngusulke jeneng Indonesia. Dheweke nyiapake karo Ch.Crammer lan Th. Vrede, saengga dikenal minangka Labberton-Cramer-Vreede. Amandemen iki ditolak saengga ora dibahas jroning sidang Volksraad wulan April 1921. Sawetara wong ing Volksraad ngremehke “ luwih pantes jeneng mau kanggo salah sijining cerutu “. Ing wiwitan, pemerintah wis negesake yen sebutan Hindia –Belanda sacara esensial wis duwe teges jroning hukum internasional.

Second Chamber saka parlemen ing Walanda nganakake diskusi tanggal 1 November 1921, oleh inpirasi amandemen Labberton-Cramer-Vreede, W.van Ravestern wakil saka komunis, njelasake maneh sebutan Indonesia. Nasibe sami mawon, amandemene ditolak!.

Kanggo Identitas Politik

Para muda cerdik cendikia sing nempuh studi ing negara Walanda ngganti jeneng pakumpulane Indische Vereeniging (Perhimpunan Hindia) sing madeg taun 1908 dadi Perhimpunan Indonesia (PI) taun 1925. Tembung Indonesia digunakake jumbuh karo sawijining gegayuhan negara anyar lan identitas politik. Nalika konggres Demokratis Internasional kang manggon ing Bierville, cedhak Paris, Agustus 1925, kanggo sing wiwitan jeneng Indonesia dikenalke. Mohammad Hatta makili PI, jroning pidatone mratelakake perjuangan rakyat Indonesia nggayuh kamardikan nasional. Amarga nggunakake jeneng mau kanggo politik, pamarentah Walanda nglarang tembung Indonesia ing Hindia Belanda, ananging ora ana sing bisa mbendung.

Next Post Previous Post
No Comment
Add a comment
comment url