Skip to main content

Posts

Showing posts from January, 2015

Tas dan Dompet Motif Krisan HW050JP

Bahan   : canvas-jeans

Dimensi: 32x30x13cm (Tas)
              21x16x2.5cm (Dompet)

Harga   : 310rb/set+ongkir

Code    : HW050JP


Sms: 0822 4281 4035 Tas dan Dompet Motif Krisan by Java Harmony

Dompet HPO Motif Krisan W049JP

Bahan   : jeans-oscar

Dimensi: 21x15x3.5cm

Harga   : 125rb+ongkir

Code    : W05049JP


Sms: 0822 4281 4035 Dompet HPO Motif Krisan by Java Harmony

HB048FL

Bahan   : canvas-jeans

Dimensi: 34x30x15cm

Harga   : 215rb+ongkir

Code    : HB048FL


Sms: 0822 4281 4035

HB047ic

Bahan   : canvas-jeans

Dimensi: 30x28x13cm

Harga   : 275rb+ongkir

Code    : HB047ic



Sms: 0822 4281 4035

HB046FL

Bahan   : canvas-oscar

Dimensi: 32x30x15cm

Harga   : 175rb+ongkir

Code    : HB046FL


Sms: 0822 4281 4035

HB045FL

Bahan   : canvas-oscar

Dimensi: 32x30x15cm

Harga   : 175rb+ongkir

Code    : HB045FL



Sms: 0822 4281 4035

HB044FL

Bahan   : canvas-oscar

Dimensi: 32x30x13cm

Harga   : 175rb+ongkir

Code    : HB044FL



Sms: 0822 4281 4035

HB043ET

Bahan   : canvas-jeans

Dimensi: 32x30x13cm

Harga   : 285rb+ongkir

Code    : HB043ET


Sms: 0822 4281 4035

Negara Manca Kang Uga Migunake Basa Jawa

Sakliyane Indonesia kang migunakake basa Jawa utamane ing kalanganing suku Jawa, pranyata basa Jawa uga dipigunakake ana ing manca negara. Mesti wae dudu basa kang resmi lan anane uga ana sambung-rapete karo wong2 Jawa. 1.Suriname Biyen disebut Guyana Belanda kanthi ibukotane Paramaribo, yaiku sawijining negara jajahan Walanda ing Amerika sisih kidul. Ing antarane taun 1890-1939 akeh wong2 Jawa kang dikirim ing Suriname lan didadekake budak ing perkebunan2. Masihya saiki wong2 keturnan Jawa iku wis generasi ping pat utawa ping limane, ananging isih akeh kang bisa nggunake basa Jawa, utamane basa Jawa ngoko amerga mbiyen basa krama kang alus ing tanah Jawa dhewe amung digunakake ana ing kalanganing kraton utawa keluarga2 ningrat lan kalangan terpelajar. 2. Kaledonia Baru
Sawijing negara kang ana ing Samudra Pasifik iring kidul lan uga disebut kepulauan Kanaki. Kanaki iku penduduk asli pulo2 kuwi. Kepulauan iki jajahane Prancis, mula uga disebut Nouvelle-Cal├ędonie sing ibukotane jenenge No…

Patih Sengkuni

Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan liyane kajaba Sengkuni, Harya Suman, Trigantalpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati. Miturut carita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra. Jaman enome Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (dipitenah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur d…

Rara Mendut Iku Dongeng Apa Tenan?

Dongeng Rara Mendut-Pranacitra tekan seprene isih dadi lakon kethoprak sing nengsemake. Sing dadi pitakone wong akeh, lelakon kang mirip Romeo-Juliet iku kedadeyan tenan apa mung khayalane para pujangga Mataram ing jaman Sultan Agung?. Ana kang kandha jare iku mung dongeng sanepan. Kedadeyane nyata nanging para paragane digawe wadi (jalaran Rara Mendut lan Pranacitra iku isih krabat ratu). Pak Iman Sobro, jurukunci kuburane Rara Mendut ing Gandhu, Sendhangtirta, Berbah, nalika sugenge uga ngendika menawa panjenengane ora percaya yen Rara Mendut iku mung wong pidak pedarakan (wong cilik). Mesthi isih trahe ratu. Ana maneh kang duwe panduga menawa Rara Mendut iku mula ana tenan, dadi selire Tumenggung Wiraguna. Dene kang aran Pranacitra iku mung jeneng silihan. Tenane bedhangane Rara Mendut iku putra mahkota kang ing tembe dadi Amangkurat Agung (Seda Tegalarum). Dene kang dikubur bareng Rara Mendut iku abdine putra raja mau.
Ana babad mula dicritakake nalika putra mahkota kuwi njupuk sel…

Wong Jawa Ilang Jawane

Kasebut ing ramalan Jayabaya sing kaloka: Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange Ian wong Jawa ilang jawane. Pak Suryo Warsito ngandharake yen wong Jawa ilang jawane iku sabenere wis wiwit 371 taun kepungkur, yaiku nalika Sultan Agung ndhawuhake (dekrit ratu ?) owah-owahan taun Jawa sing asale manut petungan Syamsiah (taun Saka) diganti petungan Kamariah (taun Jawa) wiwit tanggal 8 Juli 1633 M utawa tanggal 17 Kasa 1555 Saka. Wiwit dina iku wong Jawa dipeksa ninggalake taun Jawa sing asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah. Tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka. Mesthi wae saben taune umure luwih cendhak H dina, saengga nganti seprene wis kacek 11 taun karo taun Saka. Nalika taun 1926, wis dianakake owah¬-owahan ing paugeran nulis aksara Jawa, diarani wewaton Sri Wedari: dianakake aksara rekan Ian taling tarung palsu. Owah-owahan iki bisa ditampa t…

Syekh Maulana Maghribi; Cikal-Bakal Ratu2 ing Mataram

Adhedhasar Babad Demak, Syekh Maulana Maghribi iku sawijine wong Arab kang mumpuni ilmu agama Islam. Asale saka tanah Pasai. Critane isih tedhak turune Kangjeng Nabi Muhammad SAW, lan klebu golongan wali ing tanah Jawa. Anggone angejawa mbarengi adege karaton Demak. Panjenengane mula kagungan ancas tujuwan ngislamake wong Jawa. Sabedhahe kraton Majapait ganti kraton Demak kang disengkuyung dening para wali. Sawise tentrem negarane para wali andum gawe nyebarake agama Islam. Syekh Maulana kawitan ditugasi ana ing Blambangan. Ana kana dipundhut mantu dening sang adipati. Nanging durung nganti taunan nuli ditundhung, sebabe apa ora kecrita. Saoncate saka Blambangan banjur menyang Tuban, menyang panggonane kanca akrabe lan padha-padha saka Pasai, tunggale Sunan Bejagung karo Syekh Siti Jenar. Saka kono Syekh Maulana banjur lelana tabligh menyang Mancingan. Nalika tabligh ana Mancingan iki Syekh Maulana sejatine wis peputra kakung asma Jaka Tarub (utawa Kidang Telangkas) saka garwa asma Rasa…

Kambil Gadhing ing Kalangan Kejawen

Wit kambil/klapa gadhing (jeneng latine: nudfera var. ebunea) umume wite cendhek antarane loro tekan telung meteran. Diarani klapa gadhing amarga wohe pancen wernane kuning kaya gadhing. Wohe kang nggrembel katon nengsemake, mulane yen ing kutha tanduran iki okeh-okehe kanggo pasren. Klapa gading uga dianggo ngleluri upacara adat temanten lan tingkeban (mitoni). Yen ana wong pinuju duwe gawe mantu, klapa gadhing asring dipajang ana ing sangarepe gapura sing arep diliwati temanten kakung. Woh kuwi mau digandolke bareng karo sambung tuwuh liyane kayata gedhang, pari, lan tebu kang ditaleni ana ing kiwa tengene plengkungan janur kuning pinangka gapurane. Dene yen dianggo tingkeban utawa mitoni yaiku rikala si calon ibu uwis mbobot/ngandheg pitung sasi lan bakal nglairake ponang jabang bayi kang tembean / sepisanan.  Sepasang cengkire gadhing kacawisake, siji digambari dewa Kamajaya (dewa sing bagus) lan sijine digambari Kamaratih (dewi kang ayu parase). Uga ana sing nggambari Arjuna lan si…

Cikal-Bakal Pandawa lan Kurawa

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru. Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa?. Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik?. Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sa…

Prangko Indonesia Paling Larang Regane

Nalika ana ing pembukaan World Stamp Championship Indonesia ing Jakarta Convention Center, 18 Juni 2012 kepungkur, Letjend Purnawirawan Soeyono ngendhikakake menawa Indonesia nduweni prangko kang paling larang sing pengajine nganti 20 milyar rupiah. Emane prangko iku uwis dadi darbeke warga negara asing yaiku Presiden Federation Internationale de Philatelie, Tay Peng Hian, ing Singgapur. Prangko kuwi ana 64 carik kanthi gambar Raja Kerajaan Belanda kang ana stempele saka kantor pos Ngawi, Jawa Timur wetonan tahun 1864. Soeyono uga ngendikakake menawa ana wong Indonesia kang uga nduweni prangko kasebut ananging amung secarik. matur nuwun,

Dadiya Dhayoh Sing Nyenengake

Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan. Merga anane pakurmatan mau mula wong sing maradhayoh kudu ngerti (tahu diri), dadiya tamu sing becik. Aja sakepenake dhewe, aja gawe gelane sing ditamoni, lan bisaa nyenengake sing duwe omah. Apa wae sing perlu digatekake yen maradhayoh?. ANGON WAYAH, NGERTI WEKTU Maradhayoh ora kena sakarepe dhewe, kudu ngerti wayah sing trep kanggo mertamu. Aja mertamu wayahe wong ngaso lan turu, kira-kira jam  loro nganti jam papat sore. Aja mertamu wancine wong mangan, embuh wancine sarapan, mangan awan, utawa mangan bengi. Senajan panjenengan dudu wong muslim, nanging yen maradhayoh wancine wong nindakake ibadah prayogane enggal pamitan mulih. Upamane wancine shalat magrib sing wektune mung sethithik, menawa krungu adzan magrib kudu enggal pamitan. Jroning sasi Ramad…

Wong Kang Sepisanan Mati Ing Kursi Listrik

William Kemmler kang lair 9 Mei 1860 ing kutha Philadelphia, Pennsylvania, Amerika yaiku sawijining pawongan kang paling sepisanan nglakoni ukuman mati karana kursi listrik. Nalika umur 28 taun, Kemmler kang buta huruf lan dhuwe penyakit tekanan darah tinggi, ing sawijining dina lagi sapatemon karo pacare Matilda "Tillie" Ziegler. Embuh sebab apa tekanan darah tinggine kumat lan dadi murang-muring karo pacare kaya wong kesurupan, wusana Kemmler njupuk kampak lan dibacokake pacare mau nganti pacare nemoni tiwas. Kemmler ditahan karo kang wajib lan dipatrapi pidana pati dening hakim. Wektu semono aturan kang lumaku kanggo eksekusi ukuman mati karana digantung. Ananging pengadilan mutusake liya, senajan Kemmler diukum mati ananging ora karana digantung. William Kemmler kang mesthine sawise nglakonipaukuman mati wis bakal ora kocap kaya pembunuh-pembunuh liyane, ndadak ora mangkono nasibe. Dheweke kudu nglakoni paukuman mati karana kursi listrik sing sepisanan ndadekake dheweke k…

Mula Bukane Jeneng 'Indonesia'

Sa'durunge Abad 17Akeh julukan kanggo Indonesia lan sing paling umum yaiku Nusantara (nusa=pulo, antara=seje/seberang). Tembung iku dianggo Majapahitkanggo sebutan wilayah telukane, sing nyakup saka bawana Asia nganti Australia. Sebutan mau tinulis jroning naskah-naskah Jawa Kuno ing abad ka-14. Ngancik abad ka 17, pulo-pulo sing ngasilake rempah iki biasa disebut Ost Indische ( Hindia Wetan ).Ana uga sebutan Kepuloan Hindia ( Indian Arciphelago), Samodra Wetan ( The Eastern Seas), lan Insulinde( Pulo-Pulo Hindia ). Taun 1850George Samuel Windsor Earl, sawijining pelancong lan pengamat sosial saka Inggris ,  nggagas tembung Indonesia kanggo makili kelompok ras manungsa (polinesia) sing manggon  kepuloan Hindia (etnografis). Mitrane James R. Logan, sawijining etnolog, nduweni panemu tembung Indonesia luwih apik dilebokake ing istilah geografis amarga cekakan saka  Kepuloan Hindia, lan kanggo nyebut sing  manggon/penduduke, Logan usul Indonesian. Walanda Milih Jeneng Hindia-BelandaAlte…

Wewadine Aksara Jawa

Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ananging isih akeh cerita2 liya bab mula-bukane aksara jawa iku. Sing genah, aksara cacah 20 kang kapantha lima-lima iku duwe kandhutan sawijining crita: Hanacaraka (ana utusan), Datasawala (padha padudon), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (pada dadi bathang/sampyuh). Ing Primbon Bektijammal Adammakna, katlesih kandhutan werdining aksara Jawa mau mangkene: Hanacaraka (ana utusan, yaiku utusane Gusti Allah, wong lanang lan wong wadon), Datasawala (utusan mau padha padu, yaiku padha campuh saresmi), Padhajayanya (padha digdayane), lan Magabathanga (lanang wadon padha sampyuh). Lire, donya iki dumadi saka wong lanang wadon kang mujudake utusane Gusti Allah. Lanang wadon mau padha padu tegese campuh saresmi netepi wajib anggone padha jejodhowan. Padha digdayane, ateges tandhing karosane. Sabubare saresmi biasane kaya wong kang sampyuh ing paprangan, ngglethak angler. Ot…